Wejanganing Prabu jayabaya
1.Hyang Widi iku kuwasa tanpa piranti,akarya alam saisine,kang katon lan kang ora katon.
2.Hyang Widi iku ora mbedak2 ake kawula-Ne.
3.Hyang Widi iku mahawelas lan mahaasih,hayuning buwana marga saka kanugrahaning Hyang Widi.
4.Hyang Widi iku mahakuwasa,pepesthen saka karsaning Hyang Widi ora ono sing biso murung ake.
5.Hyang Widi iku siji,ono ing ngendi papan,langgeng sing nganakake jagad iki saisine,dadi sesembahane wong saalam kabeh,nganggo carane dhewe2.
6.Hyang Widi iku ana ing ngendi papan,aneng sira uga ana Hyang Widi,nanging aja sira wani ngaku Hyang Widi.
7.Hyang Widi iku adoh tanpa wangenan,cedhak tanpa sengolan.
8.Hyang Widi iku langgeng,tan kena kinaya ngapa,sangkan paraning dumadi.
9.Hyang Widi iku bisa maujud,nanging wewujudan iku dudu Hyang Widi.
10.Hyang Widi nitehake sira iku lantaran biyungnira,mula kudu ngurmat biyungnira.
11.Sing bisa dadi utusaning Hyang Widi iku ora mung janma manungso wae.
12.Urip iku saka Hyang Widi,bali marang Hyang Widi.
13.Hyang Widi iku ora sare.
14.Beda2 pandumaning dumadi.
15.Pasrah marang Hyang Widi iku ora ateges ora gelem nyambut gawe,nanging percaya yen Hyang Widi iku maha kuwasa,dene kasile orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Hyang Widi.
16.Purwo madya wasana.
17.Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Hyang Widi kang Murbeng Jagad.
18.ora ana kasekten sing madhani papesthen,awit papesthen iku wis ora ana sing bisa murungake.
19.Bener kang asale saka Hyang Widi iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan.
20.Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener,yakuwi bener mungguhing Hyang Widi lan bener saka kang lagi kuwasa.
21.Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warno,yakui kang cocog karo benering Hyang Widi lan kang ora cocog karo benering Hyang Widi.
22.Manungsa iku saka dating Hyang Widi,mula uga darbe sipating Hyang Widi.
23.Hyang Widi iku ora ana sing padha,mula aja nggambar2ake wujuding Hyang Widi.
24.Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Hyang Widi,mula aja nyembah titah alus nanging aja ngina titah alus.
25.Sing sapa gelem ngakoni kabecikan lan uga gelem lelaku,ing tembe bakal tampa kanugrahaning Hyang Widi.
26.Sing sapa miyakeni anane Hyang Widi,kalebu urip kang sampurna.
27.sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana,iku dudu sadhengah wong,nanging minangka utusaning Hyang Widi.

Komentar
Posting Komentar