Wejanganing Prabu jayabaya
1.Hyang Widi iku kuwasa tanpa piranti,akarya alam saisine,kang katon lan kang ora katon. 2.Hyang Widi iku ora mbedak2 ake kawula-Ne. 3.Hyang Widi iku mahawelas lan mahaasih,hayuning buwana marga saka kanugrahaning Hyang Widi. 4.Hyang Widi iku mahakuwasa,pepesthen saka karsaning Hyang Widi ora ono sing biso murung ake. 5.Hyang Widi iku siji,ono ing ngendi papan,langgeng sing nganakake jagad iki saisine,dadi sesembahane wong saalam kabeh,nganggo carane dhewe2. 6.Hyang Widi iku ana ing ngendi papan,aneng sira uga ana Hyang Widi,nanging aja sira wani ngaku Hyang Widi. 7.Hyang Widi iku adoh tanpa wangenan,cedhak tanpa sengolan. 8.Hyang Widi iku langgeng,tan kena kinaya ngapa,sangkan paraning dumadi. 9.Hyang Widi iku bisa maujud,nanging wewujudan iku dudu Hyang Widi. 10.Hyang Widi nitehake sira iku lantaran biyungnira,mula kudu ngurmat biyungnira. 11.Sing bisa dadi utusaning Hyang Widi iku ora mung janma manungso wae. 12.Urip iku saka Hyang Widi,bali marang Hyang Widi. 13.Hyang W...